Dino
iki srengenge katon panas ngetang-tang. Degan ijo ing pinggir dalan pating
glender ing telak. Kringetku sak grontol-grontol tak lapi nganggo jilbab sing
tak nggo. “Tuku es degan yo, crit.” Aku ngejak Cukrit, konco sak kelasku jajan
es degan.
“Jajakke
yo, Ndun. Aku lagi kere ki duitku entek nggo paketan pulsa wingi sore ki.”
Sauté Cukrit katon rai kang lungkrah andelane yen dheweke njaluk dijajakke. Cukrit
iku kancaku SMA, jeneng asline Kenkyonari Nurida Fahmi. Aku lan Cukrit ora
patio akrab jaman SMP, nanging senajan SMA iki aku sak kelas karo dheweke, aku
dadi rada akrab karo dheweke.
“Lah,
Crit. Rupamu yen jaluk gratisan wi nyet kaya kucing butuh balung. Melas melas
lucu pengen ngethak ngono,” sautku karo nggeret jilbabe Cukrit.
“Hahaha.
Nyet Mbak Ryuna Azilla Pertiwi sing ngawu-awu iki paling pangerten karo konco
nek lagi butuh,” senggole Cukrit.
“Yowis
engko bali sekolah mampir kono sek yo. Aku engko yo lowong acaraku, cah-cah
dijak sisan yo ben gayeng kaya biasane.” Ajakku karo ngentekke es krim sing
lagi tak pangan saka kantin mau.
Jam
terakhir dina iki kerasa suwe banget. Srengenge kang saya dhuwur nggawe hawane
katon sumuk. Aku lan kanca-kancaku sing wis janjian ameh nge-es wis cepak neng
ngarep kelas. Awak dhewe mangkat mlaku amarga panggone ora adoh saka sekolahan.
“Eh
Crit, anu piye? Sidane koe maju opo mundur karo de’e?” Takonku karo nyruput
degan enom sing wis di wenehi Pak Waluyo, sing dodol degan.
“Embuh lah,
Ndun. Dheweke ra kethok maju ra kethok mundur. Aku yo malah bingung dhewe kudu
piye karo dheweke.” Saurane Cukrit katon rai kang nglunthung.
“Walah yowislah
Crit sing sabar wae. Aku yo lagi bingung iki karo Tyo, saya akeh wong wadon
sing nyedhaki dheweke. Aku dadi minder aku ra ayu, ra sugih, ra seksi. Aku randue
opo-opo kecuali atiku sing tulus tresno karo dheweke,”
“Alah Ndun.
Positiv wae yakin nek dheweke bakalan nggo koe kok. Gusti kan ndue rencana sing
luwih mulyo. Mungkin durung saiki jatahmu cedhak karo dheweke.”
“Lha ning si Gandes
luwih cedhak karo Tyo, Crit. Aku pesimis isoh secedhak kui kaya Gandes. Opo
jodohmu bakal double date karo Gandes Crit ora karo aku.”
“Hush ojo ngono.
Amit-amit aku double date karo Gandes, ra bakalan ikhlas aku ngrelakke Tyo nggo
Gandes. Dheweke uduk wadon apik-apik, maneman nek Tyo dadi karo Gandes, Ndun.”
Cukrit nimpali opo sing tak omongke kanthi suara rodok nggetak.
“Yowislah aku
pasrah wae karo Gusti. Nek aku rusuke dheweke kan aku ramungkin kepasang nggo
Deon. Yo ra Crit? Hahaha”
“Asem lha kok
tekan Deon to Ndun. De’e nggo aku tok ojo nggo koe, koe karo Tyo wae.
wahahaha.”
“Yoooh Aamiin,
Crit. Wes ayo bali aku meh turu kesel banget awakku telong dino ra leren. Ojo
meneh atiku ki kesel banget di gerus terus eh hahaha.” Sautku kanthi mlaku
mulih nyangklong tas sekolahku.
Dino-dino ing
sekolah mlaku katon biasane. Tugas, ulangan, PR, remidi tetep dadi rutinitas
ning sekolah. Opo bu guru wi ra kesel gawe soal koyo ngene, aku dadi murid
wae kesel kon nggarap koyo ngene terus, batinku.
Nganti
sawijining dino, aku krungu kabar sing gawe atiku rodok gela. Cukrit, kanca
sing wis tak anggep apikan lan kenthel jebule nusuk aku saka mburi. Dheweke
sing mbiyen ngomong ora bakal cedhak karo Gandes malah saiki menyang
ngendi-ngendi karo Gandes.
“Alahyung tak
kiro dheweke ki uwis berubah. Jebule ora bedho karo jaman SMP mbiyen, Lamis
koyo iwak lele pating kruget. Hahaha”
“Lha emang pie
to, Ndun?” Pitakone Imas sawijining sore.
“Yo ngono lah,
Mas. Dheweke ndekmben tahu ngomong karo aku nek dheweke wegah kekancan karo
Gandes. Jarene Cukrit, Gandes uduk wadon apik-apik, aku yo gur meneng pas
dheweke ngomong ngono kui. Eh lha kok malah saiki ndilat idhune dhewe,” Tuturku
marang Imas.
“Yowis Ndun sing
sabar wae yo. Dheweke sesuk yo bakal nampa opo sing wis dilakoni dheweke saiki
kok,” Jawabe Imas cobo nenangke aku sing rodok lungkrah.
Ing sekolah
Cukrit wis ora cedhak-cedhak marang aku meneh. Dheweke menyang ngendi-ngendi
karo Gandes wis koyo amplop kelet marang prangko. Dheweke nyobo manas-manasi
aku kanthi nyebut-nyebut jenenge Tyo neng ngarepku karo Gandes. Aku mung meneng
wae, mungkin dheweke durung krungu menawa sak trepe dheweke ngadoh saka aku,
aku karo Tyo wis saya cedhak lan nduweni janji bakal jagani siji lan sijine.
With Smile :)
Mutiara Jasmine
Tidak ada komentar:
Posting Komentar